Labels

Hak Cipta oleh MIS Islamiyah Margasari 01. Diberdayakan oleh Blogger.

Rabu, 26 November 2014

Contoh Teks Pidato Bahasa Jawa

MIS Islamiyah Margasari 01 Sidareja


Pidato Bahasa Jawa
MI Islamiyah Margasari 01 Sidareja
Judul : Pentingipun sikap nasionalisme lan patriotisme
Aksioma KKMI Kecamatan Sidareja


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bismillahirrahmanirrahim, alhamdulillahirabbil ‘alamin, Wassholatu wassalamu Ala Nabiyyil Karim, Wa ala Alihi Wa Ash habihi ila yaumiddin, Amma Ba'du.



Bapak Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.
Bapak ibu dewan juri ingkang kinurmatan.
Para kanca siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Para Rawuh ingkang minulyo,
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhumateng Gusti ingkang Maha kuaos ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun.
Sholawat soho salam, mugi katur konjuk dhumateng junjungan kito nabiyulloh Muhammad SAW.

Miturut peningal kalih raos kawulo, akhir-akhir menika kathah warga ingkang kirang ngajeni dhumateng negeri nasionalipun, inggih punika negeri “tercinta” Indonesia. Hal menika sanget ngrisauaken yen diteras-terasaken saget dados masalah ingkang serius.

Wonten jaman sakniki, sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme!. Meniko dipun sebabaken kathah kawula mudha ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados warga Indonesia. sebabipun, poro kawula mudha langkung condong marang pergaulan utawi budaya-budaya barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang arupi : acara-acara televisi, majalah, lan surat kabar ingkang mboten sae, contonipun ingkan sampun lumrah, lare estri ngagem rasukan lekton, pastur. ngertos mboten maksude bapak ibu…???
pastur maksude niku, pasturseksi lan lekton maksude niku keleke ketonn… hehehe

Masalah-masalah menika saged dipun icalaken lan saget mbangsulaken raos remen tanah air negeri “tercinta” Indonesia menika kalian salah satunggalipun cara inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, ngajeni jasanipun para Pahlawan lan para Pejuang, lan na’ati dhumateng prentah-prentahipun agama.

Para Rawuh ingkang dipun rahmati dening Alloh SWT.,
Kita sedaya sampun mangertosi, menawi Negeri Indonesia punika sampun saged sejajar, utawi sami kaliyan Negeri maju sanesipun. Sampun kathah penghargaan utawi predikat ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia, wonten tingkat Internasional. Kados pundi saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945 (sewu sangangatus kawan doso gangsal)? Menawi kados menika, kito kedah instrospeksi diri, saha kedah nggadhahi pambegan menapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng bangsa kito?

Para Rawuh ingkang kinurmatan,
Kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa-siswi Indonesia, mangga sesarengan nggadhahi raos sosial dhumateng sesami. Raos sosial menika saged kita wujudaken kados dene :

1 (setunggal).       paring kinurmatan dhumateng guru-guru , tiyang sepah, langkung-langkung pahlawan bangsa kita.
2 (Kalih).               sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika.
3 (tigo).                 njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.

Para Rawuh ingkang berbahagia,
Menawi tiga menika sampun ditindakaken kaliyan pemuda lan pemudi Bangsa Indonesia, Insyaallah kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipun raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika, budaya globalisasi sampun kathah menjalar  wonten jiwaning pemuda lan pemudi Indonesia. Mula, budaya global ingkang negatif punika, enggal sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget, inggih punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda, sami wonten sa’indenging nuswantara, saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Negeri Indonesia saged gemah ripah loh jinawi, saha dados andhakara wonten dunya punika.

Sedherek-sedherek ingkang minulya,
Kawulo raos, menika ingkang saget Kawulo aturaken.  Mugi-mugi, saged murugaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken raos Nasionalisme kita sedoyo. Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sedaya kekirangan lan kelepatan kula. Kawulo pungkasi, wabillahi taufiq walhidayah,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar

Kritik dan Saran yang Bersifat Membangun, Senantiasa Kami Tunggu.

 

Galeri Album

Ikuti Kami